Laman

Gambar

SISWA PERINGKAT SEPULUH BESAR UN SMPN 1 KAYEN 2015

Gambar

BERGAMBAR BERSAMA DI HARI GURU NASIONAL 2014

Gambar

GAMBAR BERSAMA SETELAH PELEPASAN KELAS IX TAHUN 2013

Gambar

SMPN 1 KAYEN BERWISATA KE PANTAI KUTA PULAU BALI.

Gambar

JUARA 3, LOMBA PENELITIAN ILMIAH REMAJA, KAB. PATI 2013

Gambar

JUARA UMUM PENCAK SILAT BUPATI CUP 2014 KABUPATEN PATI

Gambar

SERAH TERIMA PENGURUS OSIS LAMA KE PENGURUS OSIS BARU

Tampilkan postingan dengan label B Jawa Kelas 9 Sem 2. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label B Jawa Kelas 9 Sem 2. Tampilkan semua postingan

Kamis, 06 Agustus 2015

Tembang Macapat

Ditulis lan dipostingke dening Admin Web.
Tembang Macapat kuwi kalebu Tembang Jawa. Wernaning tembang macapat ana 11 perangan kasebut  ing ngisor iki. Ana 4 tulodho Video kang Admin link ana ing layanan Video You Tube. 

1. Tembang Maskumambang
Maskumabang nggambarake jabang bayi sing isih ana kandungane ibune. Mas ateges durung weruh. Kumambang ateges uripe ngambang nyang kandungane ibune. Maskumambang menggambarkan seorang bayi yang masih terapung ada di dalam kandungan ibunya.

2. Tembang Mijil
Mijil ateges wis lahir lan jelas priyo utawa wadon 
Mijil (Keluar) bearti bayi tadi telah lahir dan jelas jenis kelaminnya laki-laki atau perempuan.

3. Tembang Sinom

Sinom ateges kanoman, minangka kalodhangan kanggo ngangsu kawruh sakakeh-akehe.
Sinom (remaja/pemuda) adalah waktu untuk menuntut ilmu sebanyak-banyaknya.

4. Tembang Kinanthi
Kinanthi saka tembung kanthi utawa tuntun ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi (Dibimbing) berarti dibimbing supaya bisa berjalan di alam dunia.

5. Tembang Asmarandana
Asmarandana ateges rasa trisno, tresno marang liyan (priya lan wanita) kabeh mau wis dadi kodrate.
Asmarandana (Rasa Cinta) adalah sudah kodrat laki-laki mencintai perempuan dan perempuan mencintai laki-laki.

6. Tembang Gambuh

Gambuh saka tembung jumbuh/sarujuk., yen wis jumbuh/sarujuk  njur digathokake
antarane priya lan wanita supaya urip bebrayan.
Gambuh (Setuju) bila sudah setuju ditemukan/ dinikahkan antara pria dan wanita supaya mengarungi kehidupan sebagai suami dan istri.


7. Tembang Dandang Gulo
Ghandhang gula nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge apa kang ginayuh
bisa kasembadan. Kasembadan oleh sisihane urip lan keluarga. Kagungan putra
Ghandanggulo menggambarkan kehidupan orang yang demikian bahagia karena apa yang dicita-citakan tercapai yaitu berkeluarga dan punya putra.


8. Tembang Durma
Durma saka tembung darma utawa weweh. Wang kang cukup banjur thukul rasa
welas kepingin weweh utawa menehi wong kang nandhang kacintrakan.
Durma berasal dari kata darma atau memberi. Orang yang cukup dan mempunyai rasa welas asih dan suka memberi orang yang kekurangan (fakir dan miskin)

9. Tembang Pangkur
Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka.
Pangkur berasal dari kata mungkur atau mundur yang berarti menghindari nafsu yang jelek.

10. Tembang Megatruh
Megatruh saka tembung Megat Ruh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi
wancine katimbalan marak sowan mring Kang Maha kuwasa.
Megatruh berasal dari kata megat ruh atau memisahkan ruh sudah saatnya untuk kembali kepada Yang Maha Kuwasa.

11. Tembang Pocung
Pocung. Yen wis tekan titi wancine yen wis mati dadi mayit utawa layon
menungsa kuwi dibungkus karo kain mori putih utawa dipocong.
Pocung. Setelah manusia meninggal dunia menjadi mayat dibungkus dengan kain mori putih atau dipocong.

Senin, 05 Agustus 2013

KAKAWIN RAMAYANA

Ditulis lan dipostingke : Senin,5 Agustus 2013
Kakawin Ramayana punika kakawin ingkang isinipun wira carita Ramayana. Kakawin punika dipun serat mawi Basa Jawa Kina dipunindhep para pakar dipun damel ing Jawa Tengah pungkasan abad kaping 9 Masehi, kirang langkung kiwa tengenipun taun 870. Kakawin punika dipunwastani adikakawin amargi kaanggep ingkang kapisan, panjang piyambak kaliyan saking saénipun basanipun saking mangsa Hindhu-Jawi.
 Sekar rupa kakawin puniki salah satunggiling vèrsi Indhia ingkang kathah prakawis cariyos sang Rama kaliyan sang Sita, wiracarita agung ingkang vèrsi pratamanipun sanjangipun para pandhita dipunanggit déning Walmiki ing basa Sansekreta.

Ringkesan
Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan; Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nyuwun pambiyantu Sri Paduka Dasarata mbébasaken pratapanipun saking para raseksa. Lajeng Rama saha Laksamana tindak.
Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng tumuju negari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dèwi Sinta. sayembara ingkang kasebat inggih punika menthang gendéwa ingkang rumiyin sareng kaliyan wiyosanipun Dewi Sinta. Mboten wonten ingkang kuwawi menthang gendéwa kajawi Rama pramila saking menika Rama lajeng dhaup kaliayan Dewi Sinta sasampunipun Dewi Sinta dipun boyong kondur dhateng Ayodya.
Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun putra pammbajeng. Ananging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama ngendika manawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Senadyan kanthi awrat ing penggaih, raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.
Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Ananging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngakèn Rahwana supados nyulik Sinta.
Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.
Jeritanipun sang Sinta kapireng déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.
Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.
ksmana]] saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.
Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang saged angsal putri raja anami Dèwi Sinta. Lajeng para pasarta dipunkèn ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sinta. Mboten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul dhateng Ngayodya.
Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindhak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.
Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rahwana nyulik Sinta kaliyan ngepèk dados sèmahipun.
Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget, mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi. Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.
Jeritanipun sang Sinta karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton sang Rahwana.
Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman, satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta. Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.
(Sumber : jv.wikipedia.org)

THE LAST ENGKLEK

Ditulis lan dipostingke : Minggu, 5 Juli 2013
Ana wong lanang sing wis ninggalke desane lawase pitung taun, kepingin ketemu kancane dolanan nalika isih cilik biyen. Dolanan karemane biyen yaiku engklek.
Wong lanang mau kepengin mbaleni engklek maneh karo kancane bocah wadon loro sing biyen sering dijak engklek. Karepe kanggo tamba kangen marang dolanane nalika isih cilik biyen.
     Nanging panampane bocah wadon loro mau kleru. Tekane wong lanang mau  dikira arep seneng marang bocah wadon. Bocah wadon loro padha dene seneng karo wong lanang sing nalika cilik biyen dadi kancane dolanan engklek. Nanging jebul wong lanang mau wis duwe sisihan
a. Sapa bae paraga ing crita Geng Metal?
b. Kepiye watake paraga-paraga mau siji-sijine?
c.Tulisen maneh crita Geng Metal nganggo ukaramu dhewe!
d. Majua siji-siji, critakna maneh Geng Metal sing wis diringkes nganggo 
    ukaramu dhewe!